sabato 14 febbraio 2009

val's day

(ora) arep nggagas Hari Falentin
(ethok² men prihatin)

(ethok men) prolog
nek jane yo dudu urusanku, lha tapi nek warnet dadi sepi goro² "Val's day" yo mau nggak mau tetep dadi urusanku. Sing aneh aku opo yo...kok perasaan ora ono sing spesial blas nggo aku, kecuali warnet sing sepi..."yo rejekine bakul boneka ro bakul coklat. Pancen wis rahasiane Gusti Pangeran yen meh paweh² rejeki, nek aku mikire ngono wae. Ben ora loro ati goro² hari falentin". -jane sih ora loro ati, ora masalah, ning yo ben keto'e prihatin karo polahe cah² enom saiki.

Miris atine nek nyawang polahe bocah² saiki, lha tapi pancen bocah ki yo ning ngendi-endi yo pancen marakke miris. Sak jane yen didangu, "nang/nok...Fanlentin ki jane panganan opo to? Opo ono coklat merek Falentin? Kok do rame temen grubyak-grubyuk toko nggolek Falentin?" Naging yen mirengake jawabane kok rasane dadi atos weteng goro² ngampet guyu. Koyo²ne ki cah² ora ngerti crito sak benere asal usul hari falentin.

dek jaman semono...
Valentine ki jarene jeneng Pendeto, Saint Valentine, nek nggon Indonesia dadi Santo Valentine. Pendeta iki uripe nggon jaman kaisar romawi (mbuh romawi piro, wong isih tahun 200-an). Dek jaman semono, jarene mbah wiki gek usum perang, dadine tenogone nom-noman dibutuhke nggo perang. Karo Kaisar Romawi, pendeto² sing gaweane ngawinke uwong, diwenehi wejangan ngene "ojo pisan² kowe wani ngawinke nganten yen isih muda-mudi, sopo uwonge sing wani nlanggar omonganku bakalane tak lebokke pakunjaran. aku ora guyon iki...tenanan iki...kowe ojo cekikan dewe, tak balang penghapus sisan kowe...gatekno ki lho...nek ora iso awas kowe...raportmu ora tak bagi...!!!" Lha tibak'e ora kabeh pendeto manut Kaisar, Pendeto Valentine malah umpet²an ngawinke nom-noman Romawi.

Lha bareng konangan, Pendeto sing mbalelo iki diciduk, dilebokno pakunjaran -wah jan soro tenan nasib'e. Trus mbuh piye critone, Pendeto iki naksir ro anake tukang sipir. Dadi neng penjara ki gaweane chatingan karo anak'e Pak dhe Sipir, malah kadang² nganggo webcam barang. Keto'e uripe ki malah asoy geboy, wedyan tenen owk. Yo ngerti dewe wong yen lagi gandrung ki pancen ngono iku, ailofyu-ailofyu-nan barang. Karang yo jenenge tahanan, meh gandrung yo tetep tahanan alias napi. Wancine vonis mati yo tetep kudu mati, lha ukoro sing terkenal sampe saiki "from your Valentine" jarene ukoro kang paling sering di enggo cinta-cintaan karo anake pak dhe sipir. -lha sing aku ora ngerti kuwi, anake pak dhe sipir ki lanang opo wadhon.

tukang kebun (per-kembang-an)
Sak pleng'e Pendeto Valantine divonis, uwong² sing rumongso tau ditulung banjur nduweni gagasan Valentine Day. Kanggo ngelingi perjuangane Pendeto Valentine sing peduli karo nasib'e wong kang lagi kasmaran. Nek jarane sih, semangat'e Pendeto Valentine ki semangat kasih sayang. Makane saiki hari Falentin ki identik karo hari kasih sayang, hari kasih pernak-pernik pink, hari kasih coklat, hari kasih-an deh lo buat jomblo.

Nanging sing paling parah, nom²an saiki mudheng'e hari falentin ki hari bebas pacaran. Pokok'e yen wis menehi coklat, pernak-pernik pingky², arep pacaran model opo wae bebas sak bebas-bebas'e.

pengusaha
yen iso oleh untung sak akeh²e, ngopo ora dimanfaatke sisan? bakul² coklat, bakul² pernak-pernik pink, mall, swalayan, toko kelontong, joki 3 in 1 ugo ora kalah semangat. Podo berlomba-lomba ben dagangane payu, mbuh piye carane sing penting momen iki oja nganti luput seko nggolek untung akeh. Polahe pengusaha ugo ikut andil bab perkembangbiakan hari falentin iki. lha terus opo salahe ?

Pancen ora iso disalahke 100%, nanging yo isih jan adoh seko bener. Ora ngajari sing apik, malah manfaatke bocah² sing durung mudheng. Hasile yo iso disawang, kepriye pola pikir'e nom-noman saiki.

Aku ora ameh nglarang sing meh do ngrayake, ugo ora ameh nganjurke. Yen menurut sampeyan, kahanan sing koyo ngene iki piye?

7 commenti:

  1. yo wis di njar ke wae to kang..
    lha wong yo kahanane koyo ngene
    ora cilik ra gedhe
    ra enom ra tuwo...
    podho Palentin-an....
    yo sing aneh ki awak-e dhewe..
    ora iso Pungky..jarene cah cilik2 kae, artine opo yo embuh...
    rasah digagas, sing penting iso tuku beras, tur awak-e waras, malah marahi mumet ndas, trus bablas.......

    RispondiElimina
  2. mulakno dadi tukang warnet sing kreatip. nek pas palentinan skalian dodol coklat opo kondom. bilike dicet pink ben usere STRES :-)

    RispondiElimina
  3. @ Anonimo
    benul²...sepakat sob...ora arep melu², wis nduwe dalan dewe...

    @ Pencerah
    ora dab...malah repot, mung berlaku sedino tok...untunge sithik. ora kurup karo le kangelan...

    RispondiElimina
  4. wah kamu orang jawo asliyah....
    kok nulisnya pake bahasa jawa kan mau juga baca....
    mang apa sih artinya kalau boleh tau./...???

    RispondiElimina
  5. @ www.katobengke.com
    benar kawan, asli orang jawa, lahir-besar-hidup di jawa...maaf sekali kalo salah satu hasil perah otak ini berbahasa jawa, bukannya mau ber-eksklusif-ria, hanya saja saya mencoba untuk sesekali menggunakan bahasa jawa -yang sekarang sudah jarang dipakai bahkan oleh orang jawa...
    isinya hanya sebuah ironi yang coba saya papar dalam kejenakaan...-sementara masih versi bhs jawa, sekali lagi maafkan saya kawan...
    terima kasih atas apresiasi yang jauh² datang dari makasar...salam kenal

    RispondiElimina
  6. iya..valentine itu jadi komoditi sekarang...

    wah jangan2 lebaran juga gitu...tuh toko2 pada rame kalo mau lebaran..maknanya makin tergerus sama konsumerisme...

    RispondiElimina
  7. @ ladangkata
    tepat sekali...setiap moment sepertinya sudah menjadi lahan mengeruk untung, mengabrasi makna sejati...
    jangankan lebaran (perayaan), puasa saja yang jelas² ibadah, pun telah terbaurkan esensinya...

    apakah jaman yang menjadi semakin sadis, ataukah ulah virus hedonisme?

    kita tanya hati kita masing²...-seperti yang dikampanyekan kawan kita Pencerah...

    RispondiElimina